Setia Hati
Posted in Uncategorized on January 16, 2010 by yushari
Tegese setia matang pribadhi kang moho suci. kito kudu ngemban marang pakartine pribadhi, yoiku nindakake prentahe sanubari kang dumunung ing jejantung.. Sing kudu diturut dene angen2 sak reh2ane iku jiwo pribadhi.Jiwane wong sak jagad iki siji, diumpamakne srengenge iku siji bareng nyoroti wujud warno2, sajak koyo akeh, lan sajak diwatesi miturut ambane kang disoroti, sarto banjur mowo corak miturut warnone kang disoroti.
Paregane badan sak kojor kang alus dewe, luhur dewe sato dadi panglanturing roso jati/ jiwo yo kuwi roso jantunge manungso kang diarani sanubari. Raosing sanubari iku utusaning Pangeran kang lenggah ono badane manungso, dene warnane koyo koco benggolo/ tanpo corak seto biso nuduhake sifate pengeran.
Mulo sanubari keno kabasakake palenggahane pangeran, jantung kaumpamakake singgasana/palenggahan suci. Simbul jantung minongko pengiling ngiling tujuan anggayuh budi luhur, dene nur iku minongko tohjaline yoiku sesandanganing urip, awit kesorotan soko wasesone atmo sejati..
wong urip
Posted in Uncategorized on January 14, 2010 by yushariUrip ing alam donyo kuwi sing prasojo. ojo pernah duweni sifat iri drengki, srei. kudu duweni sifat sabar,eling, nrimo lan jejeg manembah karo sing kuwoso.
Obah sak pecak lan tembung sak ucap tansah’o ati-ati ojo nganti gawe gelane liyan.Tansah’o mulat saliro hangroso wani lan sholat dhaim.
Kudu wani ngrasani awake dewe, kudu iso ndandani polah tingkahe awake dewe, nganti tumuju lan dadi wong sing berbudi luhur..
Obah sak pecak lan tembung sak ucap tansah’o ati-ati ojo nganti gawe gelane liyan.Tansah’o mulat saliro hangroso wani lan sholat dhaim.
Kudu wani ngrasani awake dewe, kudu iso ndandani polah tingkahe awake dewe, nganti tumuju lan dadi wong sing berbudi luhur..
Sejatine Urip – Ngelmu Kasampurnan
Posted in Uncategorized on January 12, 2010 by yushari
Wewarah babaring ilmuning pangeran ilmu kasampurnan ilmu sejati. Mulo sing taqwa percaya karo Gusti Allah. Kadunungan iman sing jejeg, langgeng, sabar, tawakal, ayem tentrem, guyup rukun lan panarimo. Kabeh mau kanti dilakoni mesu budi, tapa brata, nyingkiri sakabehe kamurkan lan kamaksiyatan. Dilakoni kanti tekun, manteb, percaya marang Gusti Allah. Sekabehe panyuwunan bakal kasembadan kepareng apa sing dadi gegayuhan. Sing pokok wong urip bisa urip langgeng ono alam donya, akeh pasedulurane, tresna asih marang sapa wae, saling bantu membantu, bekti karo Romo, Ibu lan para Pinisepuh. Adohno kamurkan lan kamaksiyatan, dahwen, open iri, melik nggendong lali. Yen tansah eling lan jejeg iman manembah marang Gusti Allah yen wis pinasti dipundhut ing pengayunane Gusti Allah bisa sampurno ing alam kelanggengan.kudu sabar.
Posted in Uncategorized on January 4, 2010 by yushariorang hidup itu senantiasa dan sebisa mungkin mempunyai sifat seperti ibu pertiwi, sifat dari ibu pertiwi adalah nrimo, semeleh, menep, dan sabar..maka dari itu kita yang hidup harus mempunyai sifat2 tersebut, karena dengan sifat2 itulah maka hidup kita akan benar2 hidup, tentram, selamat dan barokah..
salam
salam
Urip kuwi urup, urup kuwi pepadhang
Posted in Uncategorized on December 31, 2009 by yushari
Selamat datang di blog Yushari. Blog ini saya buat untuk merefleksikan kehidupan saya pribadi selaku jagat cilik dalam mengarungi jagat gede. Saya berharap dapat membagi pengalaman saya serta dapat menimba ilmu dari teman-teman blogger yang lain dalam hal nguri-uri kabudayan jawa khususnya dan Nusantara pada umumnya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar